Assalamualaikum para kanca! Piye kahanane dina iki? isih semangat anggone sinau, ta? yuk yuk saiki aku arep menehi tuladha pawarta Basa Jawa. yuk mangga diwaca :)
Mundhake BBM sing 20%
bisa ndadekake dampak sing ora bisa dianggep enteng. Mundhake BBM bisa bae gawe
masyarakat gladhen korupsi”
Tanggal
21 Juni wingi pemerintah gawe keputusan
anyar yaiku mundhakake rega Bahan Bakar Minyak utawa sing biasa disebut
BBM. Pemerintah mundakake 20% saka rega
lawas yaiku premium saka 4500 dadi 6500 lan solar dadi 5500. Yen didelok ketara
sithik nanging dampake gedhe banget. Rega
– rega wis padha mundhak, amarga bahan – bahan kanggo gawe perlu angkutan sing mesthine butuh solar utawa
premium mau. Yen ragat kanggo angkutan
mundhak wis tentu rega barang uga milu mundhak.
. “Rega sing tambah larang gawe panjalukan
tambah sithik” (Adam Smith).Yen rega – rega mundhak kemampuan tetukon malah
midhun amarga ora mampu nyandhak regane. Ora mung wong tuku sing rugi, nanging
perusahaan uga bisa rugi amarga barang produksine ora payu. Mangka anggone
ngurangi ragat produksi, para bos ning perusahaan – perusahaan kepeksa
ngetokake pegawene. Kaya ning prinsip ekonomi kanggo ngurangi ragat produksi salah
sijine yaiku ngurangi jumlah pegawe (Karl E. Case).
Krisis
ekonomi sing disebabake BBM mundhak mau uga gawe krisis sosial. Akeh wong nekat
nglakokake tumindhak ala kanggo golek pangan amarga wis ora duwe pegawean
maneh. Ora mung ning wong cilik, nanging uga ning pejabat – pejabat, mundhake
BBM ora ngurangi korupsi nanging bisa bae malah nambahi kasus korupsi. Mangka
saiki korupsi ora mung ning pejabat gedhe ning kutha nanging ana uga korupsi
ning lingkungane wong cilik amarga tuntutan urip wis saya abot ora jamak.
Korupsi ning wong cilik amarga mundhake BBM iki bisa didelok saka pembagian
BLSM sing sejatine kanggo wong ora mampu ya isih ana wong mampu sing nampa
nanging ora gelem belekake dhuwit kuwi. Ning dhaerah Subang, Jawa Barat, Ayu
Nurmalasari, salah sawijining wong mampu sing melu nampa BLSM ora gelem
mbelekake dhuite amarga dianggep rejeki (Kompas 2/7).
Saka
kahanan sing carut marut kaya iki, sing diwedeni yen kedadean krisis lan rusuh
kaya ning tahun 1998. Sakdurunge gawe kebijakan pemerintah luwih becik menehi
pemahaman marang masyarakate supaya dampak sing negatif bisa dikurangi lan
kalaksanan tujuan sing dikarepake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar