Minggu, 01 Juni 2014

Maca Pawarta

Assalamualaikum para kanca!  Piye kahanane dina iki? isih semangat anggone sinau, ta? yuk yuk saiki aku arep menehi tuladha pawarta Basa Jawa. yuk mangga diwaca :)


Ketarane sithik nanging dampake gedhe
                        Mundhake BBM sing 20% bisa ndadekake dampak sing ora bisa dianggep enteng. Mundhake BBM bisa bae gawe masyarakat gladhen korupsi”

                        Tanggal 21 Juni wingi pemerintah gawe keputusan anyar yaiku mundhakake rega Bahan Bakar Minyak utawa sing biasa disebut BBM.  Pemerintah mundakake 20% saka rega lawas yaiku premium saka 4500 dadi 6500 lan solar dadi 5500. Yen didelok ketara sithik nanging dampake gedhe banget.  Rega – rega wis padha mundhak, amarga bahan – bahan kanggo gawe perlu angkutan sing mesthine butuh solar utawa premium mau. Yen ragat kanggo angkutan mundhak wis tentu rega barang uga milu mundhak. 
.                        “Rega sing tambah larang gawe panjalukan tambah sithik” (Adam Smith).Yen rega – rega mundhak kemampuan tetukon malah midhun amarga ora mampu nyandhak regane. Ora mung wong tuku sing rugi, nanging perusahaan uga bisa rugi amarga barang produksine ora payu. Mangka anggone ngurangi ragat produksi, para bos ning perusahaan – perusahaan kepeksa ngetokake pegawene. Kaya ning prinsip ekonomi kanggo ngurangi ragat produksi salah sijine yaiku ngurangi jumlah pegawe (Karl E. Case).
                        Krisis ekonomi sing disebabake BBM mundhak mau uga gawe krisis sosial. Akeh wong nekat nglakokake tumindhak ala kanggo golek pangan amarga wis ora duwe pegawean maneh. Ora mung ning wong cilik, nanging uga ning pejabat – pejabat, mundhake BBM ora ngurangi korupsi nanging bisa bae malah nambahi kasus korupsi. Mangka saiki korupsi ora mung ning pejabat gedhe ning kutha nanging ana uga korupsi ning lingkungane wong cilik amarga tuntutan urip wis saya abot ora jamak. Korupsi ning wong cilik amarga mundhake BBM iki bisa didelok saka pembagian BLSM sing sejatine kanggo wong ora mampu ya isih ana wong mampu sing nampa nanging ora gelem belekake dhuwit kuwi. Ning dhaerah Subang, Jawa Barat, Ayu Nurmalasari, salah sawijining wong mampu sing melu nampa BLSM ora gelem mbelekake dhuite amarga dianggep rejeki (Kompas 2/7).

                        Saka kahanan sing carut marut kaya iki, sing diwedeni yen kedadean krisis lan rusuh kaya ning tahun 1998. Sakdurunge gawe kebijakan pemerintah luwih becik menehi pemahaman marang masyarakate supaya dampak sing negatif bisa dikurangi lan kalaksanan tujuan sing dikarepake.