Minggu, 01 Juni 2014

Maca Pawarta

Assalamualaikum para kanca!  Piye kahanane dina iki? isih semangat anggone sinau, ta? yuk yuk saiki aku arep menehi tuladha pawarta Basa Jawa. yuk mangga diwaca :)


Ketarane sithik nanging dampake gedhe
                        Mundhake BBM sing 20% bisa ndadekake dampak sing ora bisa dianggep enteng. Mundhake BBM bisa bae gawe masyarakat gladhen korupsi”

                        Tanggal 21 Juni wingi pemerintah gawe keputusan anyar yaiku mundhakake rega Bahan Bakar Minyak utawa sing biasa disebut BBM.  Pemerintah mundakake 20% saka rega lawas yaiku premium saka 4500 dadi 6500 lan solar dadi 5500. Yen didelok ketara sithik nanging dampake gedhe banget.  Rega – rega wis padha mundhak, amarga bahan – bahan kanggo gawe perlu angkutan sing mesthine butuh solar utawa premium mau. Yen ragat kanggo angkutan mundhak wis tentu rega barang uga milu mundhak. 
.                        “Rega sing tambah larang gawe panjalukan tambah sithik” (Adam Smith).Yen rega – rega mundhak kemampuan tetukon malah midhun amarga ora mampu nyandhak regane. Ora mung wong tuku sing rugi, nanging perusahaan uga bisa rugi amarga barang produksine ora payu. Mangka anggone ngurangi ragat produksi, para bos ning perusahaan – perusahaan kepeksa ngetokake pegawene. Kaya ning prinsip ekonomi kanggo ngurangi ragat produksi salah sijine yaiku ngurangi jumlah pegawe (Karl E. Case).
                        Krisis ekonomi sing disebabake BBM mundhak mau uga gawe krisis sosial. Akeh wong nekat nglakokake tumindhak ala kanggo golek pangan amarga wis ora duwe pegawean maneh. Ora mung ning wong cilik, nanging uga ning pejabat – pejabat, mundhake BBM ora ngurangi korupsi nanging bisa bae malah nambahi kasus korupsi. Mangka saiki korupsi ora mung ning pejabat gedhe ning kutha nanging ana uga korupsi ning lingkungane wong cilik amarga tuntutan urip wis saya abot ora jamak. Korupsi ning wong cilik amarga mundhake BBM iki bisa didelok saka pembagian BLSM sing sejatine kanggo wong ora mampu ya isih ana wong mampu sing nampa nanging ora gelem belekake dhuwit kuwi. Ning dhaerah Subang, Jawa Barat, Ayu Nurmalasari, salah sawijining wong mampu sing melu nampa BLSM ora gelem mbelekake dhuite amarga dianggep rejeki (Kompas 2/7).

                        Saka kahanan sing carut marut kaya iki, sing diwedeni yen kedadean krisis lan rusuh kaya ning tahun 1998. Sakdurunge gawe kebijakan pemerintah luwih becik menehi pemahaman marang masyarakate supaya dampak sing negatif bisa dikurangi lan kalaksanan tujuan sing dikarepake.

Senin, 13 Januari 2014

Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng,ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.

saka blog : http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/03/timun-mas_8941.html

Kancil Karo Monyet

Biyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane.


Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadisasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.
Hehehehe matur nuwun mugi crita wau nggadahi manfaat ingkang sae.


saka blog : http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2010/03/iyen-nalika-eyang-esih-urip-lan-aku.html

Sinau Huruf Jawa


.

Diacritic Layar.png

Bahayane Rokok

 Kesehatan iku dadi kebutuhan sing mutlak kanggo menungsa. Yen ora ana rasa sehat wis mesti krasa ora penak yen arep nglakokake kegiyatan. Menawa wis mengkono kuwi ndadekake kekarepan ora kewujud. Sing gawe lelara ning sakiwa tengene dhewe ya akeh. Ora mung  virus sing gawe pilek utawa watuk. Rada angel yen arep ngadoh saka virus mau.
                        Nanging yen dhewe ngrungu tembung rokok, mesti wis padha ngerti. Rokok wis umum ana ing sakiwa tengene dhewe. Sanajan saiki ana tempat khusus kanggo wong sing ngrokok nanging nyatane isih akeh sing ngrokok ning endi – endi. Rokok asring dianggep ora apik lan mung gawe bahayane urip wong sing ngrokok dhewe utawa wong sing ana ing sandinge.
                        Rokok yaiku silinder saka kertas sing dawane sawetara 70 nganti 120mm sing isine cacahan godhong mbako. Kanggo nggunakake, rokok kudu disumet ning salah siji pucuke saengga awute bisa diisep lewat cangkem. Rokok saiki akeh macem lan rasane. Ana sing dadi selera para mudha, ana uga sing dadi selera wong tua. saka rega murah nganti paling larang tetep rokok bakal dituku wong sing biasa ngrokok.
                        Tuladha bahayane rokok yaiku :
1.      Awut rokok ngandhut zat sing bahaya kayata tar, nikotin, karbon monoksida lan sapanunggalane
2.      Awut rokok bisa nyebabake kanker
3.      Bisa nyebabake kecanduan
4.      Regane sing larang bisa ngurangi dana kanggo kesejahteraan

5.      Nyebabake gangguan kanggo janin, impotensi lan sapanunggalane.

Asal - Usule Sepedha


Miturut sejarah, sepedha asale saka Negara perancis kawiwitan abad 18 sing jenenge velocipede. Kontruksine durung migunakake wesi. Modhele isih kuna banget. Taun 1839, kikrkpatrick macmilan, nggawe mesin mligi kanggo sepedha. Pirantine digawe kanthi cara gerak munggah midhune sikil utawa diarani ngonthel.

Sepedha terus ngalami kemajuan. Ana ing perancis wiwit taun 1855 nganti 1888 ditemokake rem, rante, setang lan liya – liyane kang saya nambah daya tarike sepedha. Wiwit kuwi akeh wong ing Negara amerika lan eropa kang migunakake sepedha kanggo alat transportasi. 

Watake Tembang Macapat

Ing postingan sakdurunga wis diandharake menawa tembang macapat iku cacahe ana 11, lan keiket paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembang macapat iku sejatine minangka gegambaraning urip manungsa wiwit lair nganti mati. Tembang macapat uga duwe wewatakane dhewe – dhewe, kaya kang katulis ing ngisor iki.
Jinis lan paugerane tembang macapat yaiku :

No
Jenenge tembang
gatra
Guru wilangan lan guru lagu
Watake
1
Pocung
4
12u, 61, 8i, 12a
Kendho, sembrana
2
Gambuh
5
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Semanak, sumudulur
3
Maskumambang
4
12i, 6a, 8i, 8a
Nelangsa, ngeres, sedhih
4
Mijil
6
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Sedhih, prihatin, gandrung
5
Pangkur
7
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a,8i
Serang, rasa sereng, srengen
6
Sinom
9
8a, 8i, 8a, 8i, 7i. 8u. 7a, 8i, 12a
Canthas, ethes, grapyak
7
Dhandhanggula
10
10i, 10a, 8e, 8u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Luwes, ngresepake
8
Asmarandana
7
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Sengsem, sedhih, asmara
9
Kinanthi
6
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Seneng, asih, tersna
10
Durma
7
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Galak, muntab, nesu
11
Megatruh
5
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Susah, nelangsa, sedhih