Senin, 13 Januari 2014

Bahayane Rokok

 Kesehatan iku dadi kebutuhan sing mutlak kanggo menungsa. Yen ora ana rasa sehat wis mesti krasa ora penak yen arep nglakokake kegiyatan. Menawa wis mengkono kuwi ndadekake kekarepan ora kewujud. Sing gawe lelara ning sakiwa tengene dhewe ya akeh. Ora mung  virus sing gawe pilek utawa watuk. Rada angel yen arep ngadoh saka virus mau.
                        Nanging yen dhewe ngrungu tembung rokok, mesti wis padha ngerti. Rokok wis umum ana ing sakiwa tengene dhewe. Sanajan saiki ana tempat khusus kanggo wong sing ngrokok nanging nyatane isih akeh sing ngrokok ning endi – endi. Rokok asring dianggep ora apik lan mung gawe bahayane urip wong sing ngrokok dhewe utawa wong sing ana ing sandinge.
                        Rokok yaiku silinder saka kertas sing dawane sawetara 70 nganti 120mm sing isine cacahan godhong mbako. Kanggo nggunakake, rokok kudu disumet ning salah siji pucuke saengga awute bisa diisep lewat cangkem. Rokok saiki akeh macem lan rasane. Ana sing dadi selera para mudha, ana uga sing dadi selera wong tua. saka rega murah nganti paling larang tetep rokok bakal dituku wong sing biasa ngrokok.
                        Tuladha bahayane rokok yaiku :
1.      Awut rokok ngandhut zat sing bahaya kayata tar, nikotin, karbon monoksida lan sapanunggalane
2.      Awut rokok bisa nyebabake kanker
3.      Bisa nyebabake kecanduan
4.      Regane sing larang bisa ngurangi dana kanggo kesejahteraan

5.      Nyebabake gangguan kanggo janin, impotensi lan sapanunggalane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar