Senin, 13 Januari 2014

MALEM SELIKURAN

Jumbuh karo jenenge “malem selikuran” diadani nalika malem selikur ing wulan pasa. Tradhisi iki minangka pangeling – eling, menawa wulan pasa meh rampung. Kejaba iku, kanggo ngelingake menawa ing sepuluh dina pungkasan ing sasi pasa ana malem kang banget dienteni tekane, malem lailatul qodar.
Malem selikuran kawiwitan kanthi resik – resik desa, kabeh warga desa padha ngresiki omahe dhewe  - dhewe. Sawisa rampung ngresiki omah, banjur dilanjutake karo ngresiki dalan – dalan desa, dalan banyu, lan liya – liyane. Sawise rampung kabeh banjur padha tumuju ig kuburan, ing kana uga padha resik – resik sareane keluwargane dhewe – dhewe. Kabeh iki kang ngelaksanakake mung wong lanang. Ibu – ibu ning omah padha masak. Masak pitik digawe ingkung, jangan kang maneka warna, lan nyiapake apa kang bakal dibutuhake nalika slametan utawa bancakan ing sore dinane.
Nalika dina wis sore, apa kang mau wis disiapake dene ibu – ibu, digawa para bapak tumuju panggonan kang wis ditentokake kanggo buka bareng – bareng ing kana. Nalika wis adan, banjur Pak Kaum mimpin donga, sawise padha donga bareng banjur pada urup-urupan apa kang wis digawa saka omah, padha buka bareng – bareng.

Bancakane wis rampung, nanging acarane durung rampung. Isih ana acara pungkasan yaiku ziarah ana makam kang dikramatake. Ziarah dianakake sakbubare sholat tarawih. Ing kana padha donga bareng – bareng, nyuwun marang Gusti Allah supaya pasa iki oleh berkah Lailatul Qadar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar