Senin, 13 Januari 2014

Keyong Mas

 

Ana pawongan ing sawijining dhusun cilik pinggir kali kanga ran Mbok Godhong. Kanggo urip, dheweke dodolan godhong jati, mula diarani Mbok Godhong. Ing sawijining dina, dheweke menyang kali kanggo golek iwak. Anggone golek iwak kanthi jala. Dina iku Mbok Godhong lagi susah mikirake uripe. Malah anggone golek iwak karo ngalamun. Nalika iku Mbok Godhong kaget tanpa kinira nemokake ana keyong kang cumlorot ing nyalawadi nyangkut ana jalane. Kanthi ngati – ati keyong banjur digawa bali. Kanthi sabar keyong diopeni.
Sesuke Mbok Godhong lunga adol godhong. Anggone bakul rada kawanen mula dagangane ora sepiraa payune. Kanthi susah lan kuciwa dheweke mulih. Nanging durung suwe anggone mlebu omah, Mbok Godhong kaget nemokake dhaharan pepak wis cumawis ana ing meja. Semono uga dina – dina sapiturute.
Mbok Godhong nginjen, sapa sejatine sing nyalawadi asring leladen ana ing omahe. Mbok Godhong kaget banget ngonangi ana putri ayu metu saka keyong sing diopeni pirang – pirang dina iku lagi nyawisake dhaharan. Putri banjur crita yen dhewekke iku Putri Chandra Kirana kang disihir dadi keyong dening penyihir kang duwe karep ora becik marang dhewekke. Putri mau banjur didadekake anak dening Mbok Godhong.
Ora suwe ana pangeran kang memba dadi wong ngemis njaluk pangan. Putri banjur ngonangi yen pawongan kuwi ora liya garwane. Pangeran Tri Manggung Kusuma kang ngalembara nggoleki Putri. Wusanane Pangeran lan Putri Keyong Mas kanthi didherekake Mbok Godhong kondur menyang kraton pisowanan ageng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar