Geguritan iku pada tegese karo puisi. Menawa puisi nganggo
basa Indonesia, nanging menawa geguritan nganggo basa Jawa. Dadi cekake
geguritan yaiku puisi jawa modheren.
Gawe geguritan iku kudu nggatekake babagan basa. Pamilihan
basa kang mentes lan endah. Banjur nalika maca geguritan kudu nggatekake
babagan swara, lafal, lan intonasi. Kejaba iku, patrap utawa ekspresi rai uga
kudu pas karo swarasana geguritan mau.
Iki ana tuladha geguritan sing bisa kanggo gladhen maca
Palestina
Nalika dhewe isih cilik
Mlayu – mlayu sak karepe
Ora klambinan, umbelen lan nggawa dolanan
Saben dhuhur diparani simbok
“ayo mlebu, koli turu”
Ning Palestina
Nalika isih cilik
Mlayu – mlayu ora sak karepe
Umbelen, nggawa watu
Saben wayah diparani simboke
“ayo mlebu, akeh peluru”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar