Biyen
nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis
seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh
kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep
nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita
Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo
diwaca maning seru banget critane.
Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur
siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana
siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane
utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan
sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadisasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot,
ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo
rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon
Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh,"
jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing
maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil.
"Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine
marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora
ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing
gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan
setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine
meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue
seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet
sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru,
urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji
liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.
Hehehehe matur nuwun mugi crita wau nggadahi manfaat ingkang sae.
saka blog : http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2010/03/iyen-nalika-eyang-esih-urip-lan-aku.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar