Senin, 13 Januari 2014

GODHONG KATES

Godhong kates rasane pait nyethek. Yen dideplok, diperes sarine, diombe kena anggo tamba lara weteng, lara panas. Panaliten marang godhong kates sing keri dhewe mretelakake yen godhong kates bisa ngudhunake tekanan darah tinggi. Dadi yen dhuwe penyakit hipertensi, kudu kudu kerep lawuh godhong kates. Godhong kates sanajan rasane pait nanging ngandhut vitamin A lan C cukup akeh. Supaya vitamin ora ilang, yen ngolah godhong kates aja digangsa nganggo geni kang panas. Cukup digodgog nanging aja kesuwen. Ngolah godhong kates nalika isih seger, lagi menthik. Amarga yen wis alum vitamin suda. Godhong kates ngandhut kalsium, fosfor, besi, vitamin A, vitamin B1, citamin C, protein, lan serat. Serat becik kanggo mbiyantu pencernaan. Godhong kates ngandhut lemak tak jenuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar