ing wayah isuk sing terang srengengene, truwelu marani bekicot lan batir - batire sing lagi dolanan ning pinggir kali.
"Truwelu kok kadingaren dolan ana kene?" bekicot langsung nyeluk kelinci.
"Iya ra, aku lagi pingin ketemu kowe" semaure truwelu karo congak.
"Ana apa truwelu?"
"Aku arep ngajak kowe lomba" semaure truwelu
"Lomba apa truwelu? ayo - ayo aku milu!" semaure bekicot bungah.
"Bekicot, aja manut omongane truwelu, mengko kowe diakali, kowe kan ngerti yen truwelu ora seneng karo kowe" batir - batire bekicot ora setuju yen bekicot gelem karo ajakane truwelu.
"Ora apa - apa, aku seneng kok saiki truwelu gelem dolanan karo dhewe"
***********
Ing pinggir kali truwelu, bekicot lan batir - batire nindakake lomba mlayu sing dikarepake truwelu. Sing bisa tekan wit ning pinggir sawah iku sing menang, dalane adoh lan ngliwati kebon wortel. Ning pinggir sawah uga ana liyane sing dadi juri.
Lomba dimulai, nalika manuk emprit muni, truwelu langsung mlayu banter banget nanging bekicot isih ana sak ngarepe garis lan mlakune alon banget. Batir - batire bekicot menehi semangat yen bekicot mesthi bisa tekan garis finish. Ananging ning kebon wortel truwelu sing sombong mikir yen bekicot mesthi ora bisa ngalahna dheweke. truwelu banjur mangan wortel nganti kewaregen banjur turu ana kana. Bekicot terus mlayu sakbisane, tekan kebon wortel, lan suwe - suwe tekan pinggir sawah. truwelu sing keturon tangi lan weruh dina wis rada sore, banjur truwelu langsung mlayu banter banget. Nanging tekan pinggir sawah, truwelu sing sombong kuwi weruh bekicot wis tekan kono. Bekicot sing menang lombamlayu kuwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar