Adhik – adhik, saiki lagi usum udan ya. Ing ngendi – ngendi padha
udan – udan ya mengko mundhak malah lara, awake dadi adhem panas, lan ora bisa
sekolah, eh adhik – adhik ngerti ra saka ngendi asale udan kuwi? Saka banyu? Ya
bener, nanging maksude piye kedadeyane nganti dadi udan kuwi? Mangkene lho
ceritane. Udan kuwi kedadeyane merga anane konveksi ing atmosfir bumi lan segara.
Konveksi kuwi proses pindhahe panas dening gerak massa
sawijining fluida saka daerah siji menyang daerah liyane. Banyu – banyu kang
asale saka segara, kali, peceren, lan sapanunggalane padha nguap utawa biasa
disebut evaporasi merga kena sentrong srengenge. Banyu kang dadi uap mau banjur
ning awing – awing ngleyang duwur banget bebarengan uap – uap saka banyu
liyane. Uap – uap mau ngelyang tekan langit kang duwur banget. Satekane langit,
uap – uap mau dadi padhet sing diarani kondensasi yakuwi kang mujudake mega. Lan
merga kena angina, mega – mega iki padha ketemu, tansaya suwe tansaya akeh lan
tansya gedhe kang sabanjure tumuju atmosfir bumi kang suhune luwih adhem. Merga
hawane adhem ora wujud uap maneh, nanging awujud es utawa titik – titik banyu. Lan
merga saya suwe saya akeh, mesthi wae saya abot.
Apamaneh angina wis ora kuat nyangga maneh saengga wusanane
titik – titik banyu mau tiba ing bumi. Yakuwi kang awujud udan. Proses iki
jenenge presipitasi. Yen hawane tetep adhem, mula sig ceblok dudu udan maneh
nanging isih tetep arupa salju.
sumber : www.panjebarsemangat.co.id
Tidak ada komentar:
Posting Komentar