Rumangsa kesendhu trigangga lunga tanpa
pamit, sedyane nedya wadul ing madukara. Lilih dukane sang harjuna, malah kasok
welase marang trigangga, sawise mundhut pangaksama trigangga didandani malih
bagus kaya raden abimanyu diparingi ngampil lara lan pati, kadhawuhan manjing
dhusta ing taman mandiraretna. Klakon sapatemon karo dewi darmastuti, sawise
pondhongan ketungka tekane temanten ngastina, dadi panca bakah. Sanadyan kurawa
luwih cacah, ning nggedabyah, pungkasane padha kasulayan. Nadyan karoban musuh,
rehne trigangga pinaringan nggaduh gegaman kang ampuh, temah mungsuhe padha
lumpuh. Wasana trigangga sinengkuyung dening Sri Kresna lan Pandha, kaleksanan
mondhong putri sulistya.
Jumat, 13 Desember 2013
Raden Trigangga
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar