Sawijining
dina, saking senenge dewi windradi marang anjani, dewi windradi menehi pusaka
kadewatan saka bathara surya yaiku cupumanik astagina. Pusaka kuwi sejatine ora
kena dituduhake marang sapa – sapa amarga kasektene pusaka iku sing bisa kanggo
ndelok alam semesta.
Guwarsa
lan guwarsi weruh pusaka mau ana ing anjani. Guwarsa lan guwarsi krasa iri
amarga ora diwenehi pusaka. Banjur wong loro mau rebutan pusaka ning anjani.
Resi
gotama ngonangi anak – anake lagi padha rebutan pusaka. Banjur resi gotama
nakoni anjani sapa sing menehi pusaka kuwi. Anjani jujur yen pusaka kuwi saka
ibune. Nanging dewi windradi meneng bae ora gelem mangsuli. Banjur resi gotama
duka, pusaka cupumanik astagina dibuang tekan dadi tlaga. Dewi windradi diuncal
dadi tugu. Guwarsa lan guwarsi nyemplung ning telaga mau banjur dadi kethek,
anjani mung mbasuh tangan lan samparane. Banjur anjani dadi kethek nanging
awake menungsa.
Resi
gotama akon anak – anake mau nebus dosa. Guwarsa kudu tapa kaya lawa, guwarsi
kudu tapa kaya kijang, lan anjani kudu tapa ning tlaga mandirda sing banyune
mili tekan kali yamuna. Guwarsa lan guwarsi asmane diubah dadi sugriwa lan
subali.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar