nggendhong Bhima sing isih bayi.
Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut
saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah.
Anèhé dudu sirahé Bima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bima
gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné
arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping.
Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih
cilik urip ing Astina, nanging
sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan
sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké
banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.
Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang
prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur,
kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang
njaga laut. Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang
cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha
Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa
Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra
iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin). Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal
bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora
gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon
iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu
seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip. Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju
swargaloka.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar