Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita
aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran
Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus,
dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan
rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono
uga Raden Sukasrana.
Nalika
Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa
suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune Bambang
Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur
ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal
nilapake adhine menyang Negara Maespati.
Ing
Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu
sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake
sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus
bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri.
Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu
Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu
sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara
Magada.
Ing
Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara.
Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang
rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran
dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan
nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi
srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa
bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin
dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna
Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak
suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi
andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang
marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna
Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
Weruh
sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu
Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata
Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri
sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan.
Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe
Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya.
Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih
satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
Sumantri
banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa
muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari
kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri
sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh
lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni. Lakune
Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake
kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke
njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati
banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang
Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta
sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni
Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem
amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati.
Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep
ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone
eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing
dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang.
Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang
tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang.
Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.Sumantri gela, Sumantri sedhih.
Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga
saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang
ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak
adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten.
Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka
Ngalengkadiraja.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar