Geguritan saged
kawastanan puisi bebas, sebab langkung mardika ( cacahing tembung, larik) boten
kaiket paugeran tertamtu kados tembang. Sanajan ukaranipun kathah nanging
maknanipun kempel, manunggal lan runtut. Caranipun damel geguritan kanthi damel
cengkorongan ( kerangka) utawi boten. Urut-urutanipun damel umpaminipun :
1. Nemtokaken tema
2. Milih irah-irahan (
judul) ingkang sae, narik kawigatosaning pamaos, sokur yen cekak aos/ mentes.
3. Milih tetembungan
ingkang sae
4. Antawisipun
irah-irahan la nisi, kedah wonten sambungipun
5. Saged migunakaken
purwokanthi, basa lan susastra.
Kadamela geguritan
ingkang temanipun ing ngandhap menika, saged milih salah setunggal :
1. Kabudayan /
kesenian
2. Kaendahan
3. Katresnan
4. Perjuwangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar