Sawijining dina, pak tani lagi jagongan ning gubug sawahe,
pak tani mbayangake timun – timun ning sawahe uwoh akeh lan bakal oleh untung
akeh. Dina kuwi sawahe isih ditanduri timun karo anak – anake, amarga anak –
anake isih ning umah dadi sak durunge mangkat menyang kota maneh, pak tani
ngakon anake nandur timun ing sawahe.
“Weleh – weleh makmur temenan uripku iki” ngendikane Pak
Tani karo leyeh – leyeh
Ning sawah anak – anake padha nandur timun karo ndongeng –
ndongeng.
“Mas – Mas, mpun mireng cariyos para warga dereng?” pitakone
Ani, sing paling cilik.
“Cerita apa ta An? Kok aku durung ngrungu,”
“Wonten kewan sing remen nyolong tanduran, Mas. Ani kok
ajrih menawi tandurane Bapak ugi dicolong” kandhane Ani kuwatir.
“Lah ora, An. Wis ta mengko Bapak mesthi njagani tanduran
iki, wis yo nandur maneh” Mase ngeneng – ngeneng Ani.
**********
Wis rong wulan anggone Pak Tani ngakon anak – anake nandur
timun, nanging rong wulan kuwi Pak Tani ora tau niliki sawahe. Pak Tani anane
leyeh – leyeh ning umah lan ora tau niliki sawah. Nganti sawijining dina ana
tanggane sing ngomong yen sawahe diurak – arik kancil. Nanging Pak Tani mung
leyeh – leyeh bae ora milu warga liyane sing maring sawah arep nyekel kancil.
Esukke Pak Tani maring sawah kanthi males – malesan, anggone
mlaku ora niat lan ora nggatekake dalan. Ora suwe ana swara gedebuk!
“Tulung…! Tulung!” bengoke Pak Tani. Para warga gage – gage maring
asal swara mau.
“Pak, Pak pye kok bisa mlebu luwang iki?” pitakone warga.
“Luwang apa iki? Sapa sing gawe ning sawahku?” Pak Tani rada
nesu.
“Lha iki kanggo nyekel si kancil, Pak. Pirsani sawahe
sampeyan, sing paling akeh dicolongi ya nggon sawahe sampeyan, mangka warga
gawe luwang ning kene,”
“aduh – aduh, ora sida untung malah dadi buntung,” Pak Tani
nangis ana luwang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar