Manut para ilmuwan, kewan sing swarane paling banter yakuwi
iwak paus biru (Balaenoptera Musculus), kang uga nyandhang gelar kewan paling
gedhe ing bumi.
Swarane iwak paus biru luwih banter saka swarane sepedha
motor Harley Davidson. Malah luwih banter saka swarane konser rock sing banter
dhewe.
Saktemene, sepira ta bantere swarane iwak paus biru iki?
Swara iwak mau yakuwi 188 desibel…! Angka iki padha karo
kaping sayuta swarane mesin jet (kang nggayuh tingkat paling banter yakuwi 120
– 130 desibel). Perlu dielingi uga, tingkat bantere swara saya suwe saya tambah
sacara logaritmis. Iki ateges saben munggah 10 desibel ana undhak – undhakan
intensitas swara engga kaping 10. Lan iki mujudake salah sijine alas an tumrap
kita kabeh amrih muji syukur yen iwak paus biru mai mung manggon ing njero
segara.
Saupama wae dheweke urip ing dharatan, hmmm… kebrebek rek!
(d)***
Sumber : Narayana PANJEBAR SEMANGAT edisi 48, 30 November
2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar