Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden
Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking
saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka
ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok
puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka
prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang
Pandhawa.
Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata
Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna
lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos
kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden
Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun
pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih
kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging
Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget.
Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna
lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna.
Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun
kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara.
Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara
Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi.
Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing
pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng
Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe.”
Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah
kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang
jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking
kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan
jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi
malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kangge
numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala
Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan
Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah
patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar
mawur.
Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden
Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken
dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi.
Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng
bojana andrawina
Tidak ada komentar:
Posting Komentar