Jumat, 13 Desember 2013

Malin Kundang

 sawijining dina ana ing sawijining daerah air manis, Malin Kundang sungkem marang ibune amarga arep lunga nyambut gawe menyang adoh. ibune sedhih banget atine amarga anak siji - sijine lunga.
Ana kutha, Malin kundang oleh kerja sing apik lan juragan sing loman, dheweke dadi pengantin karo anake juragan mau.

****
Wis pirang - pirang taun Malin Kundang lunga, ora ngenei kabar apa - apa marang ibune, apa maneh bali maring umahe. Saben bengi ibune dedonga marang Gusti Allah ben Malin Kundang slamet lan enggal - enggal bali.
Esuke ana kapal gedhe lan apik banget maring pantai air manis, para warga ora ngerti kapale sapa sing mandhek ana kana. Ibune Malin Kundang uga milu mirsani pingin weruh.
"Kangmas aku pengin degan kae," kandhane wong wadon ayu sing karo juragan mau.
"Iya dhik, mengko ya," juragan mau nembe bae medun lan kaya ora kenal wong - wong ning kono.
"Malin! Malin anakku, ibu kangen kowe Malin" dumadakan ana ibu - ibu sing mlayu maring juragan mau. nanging juragan kuwi malah kaya ora seneng.
"Sapa kowe? aku ora kenal karo kowe" kandhane juragan Malin
"Malin, iki ibu nang, apa kowe wis klalen,  ngapa kok ora tau ngabari ibu? ibu kuwatir Malin," ibu mau nyikep Malin karo nangis.
"Aku ora kenal kowe! lungaha!" Malin malah ngusir ibune.
"Duh, Gusti sabarna aku... anakku iki wis ora ngakoni aku, aku njaluk keadilanMu Gusti" ibune Malin isih nangis.
sawetara wektu dumadakan ana gledhek gedhe banget ning kono, udan lan angin uga gawe wong - wong kaget. gledhek gedhe kuwi nyambar Malin kundhang nganti dadi watu amarga durhaka marang wong tuwane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar