Senin, 16 Desember 2013

Bekicot lan Truwelu

Sawijining dina ing jero alas, ana truwelu sing ora tau gelem srawung karo kewan liyane. truwelu kuwi ngrasa dheweke paling apik ning jero alas, amarga dheweke bisa mlayu banter, kewan sing paling ora disenengi dening truwelu yaiku bekicot, bekicot disengiti banget amarga ora bisa mlayu banter. Bekicot senajan ngerti dheweke disengiti dening truwelu, nanging dheweke ora tau nesu lan ora tau sedhih amarga bekicot dhuwe batir akeh lan padha seneng karo dheweke.
ing wayah isuk sing terang srengengene, truwelu marani bekicot lan batir - batire sing lagi dolanan ning pinggir kali.
"Truwelu kok kadingaren dolan ana kene?" bekicot langsung nyeluk kelinci.
"Iya ra, aku lagi pingin ketemu kowe" semaure truwelu karo congak.
"Ana apa truwelu?"
"Aku arep ngajak kowe lomba" semaure truwelu
"Lomba  apa truwelu? ayo - ayo aku milu!" semaure bekicot bungah.
"Bekicot, aja manut omongane truwelu, mengko kowe diakali, kowe kan ngerti yen truwelu ora seneng karo kowe" batir - batire bekicot ora setuju yen bekicot gelem karo ajakane truwelu.
"Ora apa - apa, aku seneng kok saiki truwelu gelem dolanan karo dhewe"
                                                          ***********
Ing pinggir kali truwelu, bekicot lan batir - batire nindakake lomba mlayu sing dikarepake truwelu. Sing bisa tekan wit ning pinggir sawah iku sing menang, dalane adoh lan ngliwati kebon wortel. Ning pinggir sawah uga ana liyane sing dadi juri.
Lomba dimulai, nalika  manuk emprit muni, truwelu langsung mlayu banter banget nanging bekicot isih ana sak ngarepe garis lan mlakune alon banget. Batir - batire bekicot menehi semangat yen bekicot mesthi bisa tekan garis finish. Ananging ning kebon wortel truwelu sing sombong mikir yen bekicot mesthi ora bisa ngalahna dheweke. truwelu banjur mangan wortel nganti kewaregen banjur turu ana kana. Bekicot terus mlayu sakbisane, tekan kebon wortel, lan suwe - suwe tekan pinggir sawah. truwelu sing keturon tangi lan weruh dina wis rada sore, banjur truwelu langsung mlayu banter banget. Nanging tekan pinggir sawah, truwelu sing sombong kuwi weruh bekicot wis tekan kono. Bekicot sing menang lombamlayu kuwi.

Jumat, 13 Desember 2013

Malin Kundang

 sawijining dina ana ing sawijining daerah air manis, Malin Kundang sungkem marang ibune amarga arep lunga nyambut gawe menyang adoh. ibune sedhih banget atine amarga anak siji - sijine lunga.
Ana kutha, Malin kundang oleh kerja sing apik lan juragan sing loman, dheweke dadi pengantin karo anake juragan mau.

****
Wis pirang - pirang taun Malin Kundang lunga, ora ngenei kabar apa - apa marang ibune, apa maneh bali maring umahe. Saben bengi ibune dedonga marang Gusti Allah ben Malin Kundang slamet lan enggal - enggal bali.
Esuke ana kapal gedhe lan apik banget maring pantai air manis, para warga ora ngerti kapale sapa sing mandhek ana kana. Ibune Malin Kundang uga milu mirsani pingin weruh.
"Kangmas aku pengin degan kae," kandhane wong wadon ayu sing karo juragan mau.
"Iya dhik, mengko ya," juragan mau nembe bae medun lan kaya ora kenal wong - wong ning kono.
"Malin! Malin anakku, ibu kangen kowe Malin" dumadakan ana ibu - ibu sing mlayu maring juragan mau. nanging juragan kuwi malah kaya ora seneng.
"Sapa kowe? aku ora kenal karo kowe" kandhane juragan Malin
"Malin, iki ibu nang, apa kowe wis klalen,  ngapa kok ora tau ngabari ibu? ibu kuwatir Malin," ibu mau nyikep Malin karo nangis.
"Aku ora kenal kowe! lungaha!" Malin malah ngusir ibune.
"Duh, Gusti sabarna aku... anakku iki wis ora ngakoni aku, aku njaluk keadilanMu Gusti" ibune Malin isih nangis.
sawetara wektu dumadakan ana gledhek gedhe banget ning kono, udan lan angin uga gawe wong - wong kaget. gledhek gedhe kuwi nyambar Malin kundhang nganti dadi watu amarga durhaka marang wong tuwane.

Kancil lan Buaya


Sawijining dina nalika kancil konangan ning sawahe Pak Tani arep nyolong timun. Kancil mlayu adoh nemen amarga wedi yen dicekel para Tani mau. wis mlayu adoh - adoh, kancil tekan pinggir kali, dheweke ora bisa nyebrang amarga kaline amba nemen. kancil ora kentekan akal, dheweke banjur ngundang para buaya. buaya - buaya mau kaget, kok ana panganan ngundang, amarga lagi ngelih buaya mau langsung marani kancil.
"Panganan wani - wanine kowe ngundang aku?"
"Buaya aja mangan aku, aku iki cilik ora ana apa - apane. aku ngerti ning endi sing bisa gawe kowe wareg, yen nyabrang kali iki aku bisa ndelokna kowe kebo - kebo gendut." rayune kancil
"Kebo? wah ayo aku arep" buaya saya ngelih.
"Yen kowe tok ya ora bakal entek ya... undangen batir - batire kowe. ben bisa wareg kabeh" kandhane kancil.
banjur ana 5 buaya sing teka lan kancil ngakon buaya - buaya mau jejeran.
"Wis cil, endi kebone?" pitakone baya
"Aku nyabrang ya... siji, loro, telu, papat, lima" kancil mlumpat - mlumpat tekan darat, dheweke banjur mlayu banter banget amarga sejatine kancil mung ngapusi buaya.

Bima Lair

 Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin. Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro
nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping. Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.
            Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut. Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin). Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip. Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.

Gatotkaca Lair

            Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.

            Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden  Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.

            Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara.

            Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe.”

            Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.

            Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kangge numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.

       Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina


Sumantri Ngengger

Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
      Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
      Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.
      Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
      Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
     Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
      Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni. Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.
        Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
        Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.

        “Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.

Raden Trigangga

 Raden triganggan satriya kang wujud wanara seta. Raden trigangga klakon ndhustha peti waja ingkang kanggo sare rama lan lesmana, sawise padha kiujaran ing kandhabumi sarta bakal katigas murdane. Raden Rama nduwe pamundut bakal siram jamas banyu sendhang sumber pitu. Trigangga nyaguhi. Nanging oleh gangguan saka anoman. Tanpa takon tinakon trigangga lan anoman jotos – jotosan. Bathara narada nuli njelirake kahanan kang sanyatane. Sabedhane negara ngalengka lan sawise prabu rama muksa, raden trigangga nderek rama mahas ing ngasepi ing pretapan kendalisadha. Kongsi jaman dwarawati lan ngindraprastha. Kacarita trigangga uga tan prabeda lan satriya liyane, bareng   matur waraka marang ramane, anoman ngendika semu duka.
Rumangsa kesendhu trigangga lunga tanpa pamit, sedyane nedya wadul ing madukara. Lilih dukane sang harjuna, malah kasok welase marang trigangga, sawise mundhut pangaksama trigangga didandani malih bagus kaya raden abimanyu diparingi ngampil lara lan pati, kadhawuhan manjing dhusta ing taman mandiraretna. Klakon sapatemon karo dewi darmastuti, sawise pondhongan ketungka tekane temanten ngastina, dadi panca bakah. Sanadyan kurawa luwih cacah, ning nggedabyah, pungkasane padha kasulayan. Nadyan karoban musuh, rehne trigangga pinaringan nggaduh gegaman kang ampuh, temah mungsuhe padha lumpuh. Wasana trigangga sinengkuyung dening Sri Kresna lan Pandha, kaleksanan mondhong putri sulistya.

Cupumanik Astagina

Ana sawijining kaluwarga resi yaiku kaluwarga resi gotama. Resi gotama urip karo semahe yaiku dewi windradi. Resi gotama lan dewi windradi duwe anak 3 yaiku anjani, guwarsa lan guwarsi.
                  Sawijining dina, saking senenge dewi windradi marang anjani, dewi windradi menehi pusaka kadewatan saka bathara surya yaiku cupumanik astagina. Pusaka kuwi sejatine ora kena dituduhake marang sapa – sapa amarga kasektene pusaka iku sing bisa kanggo ndelok alam semesta.
                  Guwarsa lan guwarsi weruh pusaka mau ana ing anjani. Guwarsa lan guwarsi krasa iri amarga ora diwenehi pusaka. Banjur wong loro mau rebutan pusaka ning anjani.
                  Resi gotama ngonangi anak – anake lagi padha rebutan pusaka. Banjur resi gotama nakoni anjani sapa sing menehi pusaka kuwi. Anjani jujur yen pusaka kuwi saka ibune. Nanging dewi windradi meneng bae ora gelem mangsuli. Banjur resi gotama duka, pusaka cupumanik astagina dibuang tekan dadi tlaga. Dewi windradi diuncal dadi tugu. Guwarsa lan guwarsi nyemplung ning telaga mau banjur dadi kethek, anjani mung mbasuh tangan lan samparane. Banjur anjani dadi kethek nanging awake menungsa.
                  Resi gotama akon anak – anake mau nebus dosa. Guwarsa kudu tapa kaya lawa, guwarsi kudu tapa kaya kijang, lan anjani kudu tapa ning tlaga mandirda sing banyune mili tekan kali yamuna. Guwarsa lan guwarsi asmane diubah dadi sugriwa lan subali.

Rabu, 11 Desember 2013

PARIBASAN BASA JAWA II

"cebol nggayuh lintang"
duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon
"criwis crawis"
akeh alesan nanging gelem nindakake
"desa mawa cara, negara mawa tata"
saben panggonan duwe cara dhewe - dhewe
"digarokake dilukokake"
dikon nyambut gawe abot
"diwenehi ati ngrogoh rempela"
diwenehi sithik njaluk akeh

"dom sumurup ing banyu"
laku samar
"eman - eman ora keduman"
rekane welas nanging rugi
"embat - embat clarat"
nyambut gawe sing ati - ati banget
"emprit abuntu bedhug"
perkara sepele dadi gedhe
"esuk dhele sore tempe"
ora teteg atine / mencla - mencle
"gajah ngidak rapah"
wong sing nrajang wewalere dhewe

PARIBASAN BASA JAWA




1. adigang, adigung, adiguna
ngandelake kekuatan, kaluhuran lan kapinteran
2. aji godhong garing
barang kang ora nduwe aji babar pisan
3. ana catur mungkur
ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
5. ana gula ana semut
panggonan sing ngrejekeni mesthi akeh sing nekani
6. anak polah bapak kepradah
wong tuwa nemu reribed amarga saka polahe anak
7. ancik - ancik pucuking eri
wong kang tansah sumelang yen keluputan
8. angon mangsa
golek wektu sing prayoga
9. bathok bolu isi madu
wong asor nanging sugih kapinteran
10. becik ketitik ala ketara
becik ala bakal ketara ing tembe burine

ARANE WIT





1. wit aren diarani ruyung
2. wit gedhang diarani debog
3. wit jagung diarani tebon
4. wit jambe diarani pucang
5. wit kacang diarani rendeng
6. wit kapuk diarani randhu
7. wit krambil diarani glugu
8. wit mlinjo diarani so
9. wit pari diarani damen
10. wit pohong diarani benggol
11. pring enom diarani bung
12. pring tuwa diarani bungkilan
13. wit tela diarani lung

ARANE WOH



1. woh aren diarani kolang - kaling
2. woh bengkowang diarani besusu
3. woh cengkeh diarani polong
4. woh gebang diarani krandhing
5. woh gembili diarani katak
6. woh jati diarani janggleng
7. woh kelor diarani klenthang
8. woh kluwek diarani pocung
9. woh so diarani mlinjo
10. woh turi diarani klenthang
11. woh widara putih diarani anyang

CANGKRIMAN


Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang karepe. Tembung liya kudu ana bedhekane. Cangkriman mono bisa kaperang dadi 4 warna, yaiku: 

1. Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang kedadean saka tembung- 
    tembung kang diwancah utawa dicekak. 
    Tuladha: 
    a. Burnas kopen : bubur panas kokopen 
    b. Yu mae rong : yuyu omahe rong


2. Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kang kedadean saka pepindhan utawa 
    irib-iriban barang. 
    Tuladha: 
    a. Sega sekepel dirubung tinggi : salak 
    b. Wit adhikih woh adhakah : semangka 

3. Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang ngemu surasa blenderan, 
    pambatangane kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang pangati-ati bakal 
    keblendher temenan. 
    Tuladha: 
    a. Wong dodol tempe diwudani. Sing diwudani dudu sing dodol nanging tempene 
    b. Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa. Karepe nangis 

GEGURITAN

Geguritan saged kawastanan puisi bebas, sebab langkung mardika ( cacahing tembung, larik) boten kaiket paugeran tertamtu kados tembang. Sanajan ukaranipun kathah nanging maknanipun kempel, manunggal lan runtut. Caranipun damel geguritan kanthi damel cengkorongan ( kerangka) utawi boten. Urut-urutanipun damel umpaminipun :
1. Nemtokaken tema
2. Milih irah-irahan ( judul) ingkang sae, narik kawigatosaning pamaos, sokur yen cekak aos/ mentes.
3. Milih tetembungan ingkang sae
4. Antawisipun irah-irahan la nisi, kedah wonten sambungipun
5. Saged migunakaken purwokanthi, basa lan susastra.
Kadamela geguritan ingkang temanipun ing ngandhap menika, saged milih salah setunggal :
1. Kabudayan / kesenian
2. Kaendahan
3. Katresnan
4. Perjuwangan.


KANCIL NYOLONG TIMUN



Ing sawijining ing desa Dadapan urip keluwarga mbok Randa Dadapan karo anake wadon sing jenenge Menur. Bojone wis mati sepuluh tahun kapungkur. Saiki Menur wis dadi kembang desa lan umure wis 17 taun. Mbok Randa Dadapan supaya ora kesepian pengin anake Menur cepet-cepet ndang dadi manten wae. Kebeneran ana pemuda desa sing jenenge Tole Lanang pengin ndadekne Menur dadi bojone. Kamangka iku mbok Randa Dadapan wis siap-siap areng nganakne pesta kawin kanggo anake Menur
Bojone mbok Randa Dadapan seda kanthi menehi warisan sawah rong hektar. Kanthi bantuwan wong-wong sak desane, sawahe mbok Randa mau ditanemi pari lan palawija kayata kacang lanjaran, kacang dele, waluh, timun, lan semangka. Amarga lemah ing desa Dadapan iku subur-subur, kabeh tanemane mbok Randa mau ya subur-subur lan werna-werni ndemenake. Ana sing wernane abang, putih, kuning, ijo lan ungu
Neng rerembukan alas cedake Desa Dadapan urip sakwijining kewan cilik sing terkenal akeh akale. Bentuk kewane meng kaya wedus utawa kidang, ning cilik, pada wae gedene karo anakan wedus utawa anakan kidang. Jenenge kewan kuwi si Kancil. Kancil wis suwe idune ngiler ndelok kasil sawahe mbok Randa sing subur makmur, utamane timur sing seger lan semangka sing legi-legi seger. Pokoke si Kancil mikir, cepet utawa suwi aku kudu nyolong timun lan semangkane mbok Randa. Tapi dasar pikirane Kancil sing pinter,
deweke nggak pengin mung mangan timun tanpa oleh sing liyane. Apa kuwi sing liyane ?
Jebul wis suwe si Kancil pengin dadi mantune mbok Randa lan ngawini anake mbok Randa sing dadi kembange desa Dadapan, yakuwi si Menur. Tanpa sadar, si Kancil wis suwe neroake apa wae sing biasane dilakoni karo Tole Lanang calon bojone Menur. Tapi amarga wetenge luwe, si Kancil pengin ndang cepet wae mangan timun neng kebone mbok Randa. Mangka kuwi esuk-esuk jam 7, si Kancil wis mulai nyolong timun neng kebone mbok Randa. Pas enak-enak mangan timun lan cangkeme kebak timun, si Kancil ditangkep karo mbok Randa dibantu karo akeh wong lanang neng desa Dadapan. Kancil terus ditangkep lan dikerangkeng nganggo kurungan pitik lan dijaga karo si Bruno, asune mbok Rana
Dasar Bruno kuwi asu preman, si Kancil sedela-sedela diwedeni nek areng dibeleh lan dianggo pesta wektu mantene si Menur lan Tole Lanang. “Wah celaka, penginku kawin karo Menur kok malah aku diwedeni terus karo si Bruno”, pikire si Kancil. Kamangka kuwi, ing sak wijining dina si Kancil nyeluk si Bruno, “No..No..mrenea disik No, aku ana kabar penting iki”, si Kancil nyeluk si Bruno. “Kabar penting apa ?”, pitakone si Bruno. “Ngene No, aku iki dicekel mbok Randa amarga aku arep didadekne manten karo Menur anake mbok Randa Dadapan, soale mbok Randa sak jane ora seneng si Menur bakal dilamar Tole Lanang. Senenge mbok Randa ya Menur didadekne manten karo aku, si Kancil sing paling cerdas sak ndonya iki No. Ngerti kowe ra, asu goblok ?”
Pancen Bruno asu iku pikirane cupet. Ning keasuan Bruno tersinggung disebut asu goblok karo si Kancil, kamangka kuwi Bruno nyoba ngrayu si Kancil, “Cil..cil, aku pengin lho dadi mantune mbok Randa Dadapan lan dadi manten karo Menur sing ayune uleng-ulengan kuwi. Wis aku wae sing dikurung neng kono. Mengko kowe tak wenehi 100 wiji timun lan panganen sak waregmu, asal kowe gelem tak genteni”. “We…enak bae, aku wis meh dadi mantune mbok Randa lan dadi bojone Menur kok mbok genteni. Ngene wae, wis timun lan 100 benggol duwit Landa ngge aku. Gelem ora ?, pitakone si Kancil marang Bruno. “Yo wis man, deal yo…?”, Bruno jungkir walik sak senenge…
Akhire Bruno mlebu kurungan pitik, lan si Kancil isa ngirup udara bebas…
Sepuluh tahun sak wise kuwi, Bruno mati tuwek neng kandange. Si Kancil urip bahagia merga dadi manten karo si Kumang, kancil wedok lan oleh anak loro, sing siji lanang dijenengake si Kancil Jr. dan sing nomor loro wedok dijenengake si Kumang Jr.


sumber : http://cipcipmuuach.blogspot.com/2013/05/dongeng-anak-bahasa-jawa-kancil-nyolong.html

PAK TANI lan KANCIL


Sawijining dina, pak tani lagi jagongan ning gubug sawahe, pak tani mbayangake timun – timun ning sawahe uwoh akeh lan bakal oleh untung akeh. Dina kuwi sawahe isih ditanduri timun karo anak – anake, amarga anak – anake isih ning umah dadi sak durunge mangkat menyang kota maneh, pak tani ngakon anake nandur timun ing sawahe.
“Weleh – weleh makmur temenan uripku iki” ngendikane Pak Tani karo leyeh – leyeh
Ning sawah anak – anake padha nandur timun karo ndongeng – ndongeng.
“Mas – Mas, mpun mireng cariyos para warga dereng?” pitakone Ani, sing paling cilik.
“Cerita apa ta An? Kok aku durung ngrungu,”
“Wonten kewan sing remen nyolong tanduran, Mas. Ani kok ajrih menawi tandurane Bapak ugi dicolong” kandhane Ani kuwatir.
“Lah ora, An. Wis ta mengko Bapak mesthi njagani tanduran iki, wis yo nandur maneh” Mase ngeneng – ngeneng Ani.
                                                                **********
Wis rong wulan anggone Pak Tani ngakon anak – anake nandur timun, nanging rong wulan kuwi Pak Tani ora tau niliki sawahe. Pak Tani anane leyeh – leyeh ning umah lan ora tau niliki sawah. Nganti sawijining dina ana tanggane sing ngomong yen sawahe diurak – arik kancil. Nanging Pak Tani mung leyeh – leyeh bae ora milu warga liyane sing maring sawah arep nyekel kancil.
Esukke Pak Tani maring sawah kanthi males – malesan, anggone mlaku ora niat lan ora nggatekake dalan. Ora suwe ana swara gedebuk!
“Tulung…! Tulung!” bengoke Pak Tani. Para warga gage – gage maring asal swara mau.
“Pak, Pak pye kok bisa mlebu luwang iki?” pitakone warga.
“Luwang apa iki? Sapa sing gawe ning sawahku?” Pak Tani rada nesu.
“Lha iki kanggo nyekel si kancil, Pak. Pirsani sawahe sampeyan, sing paling akeh dicolongi ya nggon sawahe sampeyan, mangka warga gawe luwang ning kene,”
“aduh – aduh, ora sida untung malah dadi buntung,” Pak Tani nangis ana luwang.

Selasa, 10 Desember 2013

Asal - Usule Udan

Adhik – adhik, saiki lagi usum udan ya. Ing ngendi – ngendi padha udan – udan ya mengko mundhak malah lara, awake dadi adhem panas, lan ora bisa sekolah, eh adhik – adhik ngerti ra saka ngendi asale udan kuwi? Saka banyu? Ya bener, nanging maksude piye kedadeyane nganti dadi udan kuwi? Mangkene lho ceritane. Udan kuwi kedadeyane merga anane konveksi  ing atmosfir bumi lan segara.
Konveksi kuwi proses pindhahe panas dening gerak massa sawijining fluida saka daerah siji menyang daerah liyane. Banyu – banyu kang asale saka segara, kali, peceren, lan sapanunggalane padha nguap utawa biasa disebut evaporasi merga kena sentrong srengenge. Banyu kang dadi uap mau banjur ning awing – awing ngleyang duwur banget bebarengan uap – uap saka banyu liyane. Uap – uap mau ngelyang tekan langit kang duwur banget. Satekane langit, uap – uap mau dadi padhet sing diarani kondensasi yakuwi kang mujudake mega. Lan merga kena angina, mega – mega iki padha ketemu, tansaya suwe tansaya akeh lan tansya gedhe kang sabanjure tumuju atmosfir bumi kang suhune luwih adhem. Merga hawane adhem ora wujud uap maneh, nanging awujud es utawa titik – titik banyu. Lan merga saya suwe saya akeh, mesthi wae saya abot.

Apamaneh angina wis ora kuat nyangga maneh saengga wusanane titik – titik banyu mau tiba ing bumi. Yakuwi kang awujud udan. Proses iki jenenge presipitasi. Yen hawane tetep adhem, mula sig ceblok dudu udan maneh nanging isih tetep arupa salju.

Senin, 09 Desember 2013

KEWAN APA SING SWARANE PALING BANTER?

Manut para ilmuwan, kewan sing swarane paling banter yakuwi iwak paus biru (Balaenoptera Musculus), kang uga nyandhang gelar kewan paling gedhe ing bumi.
Swarane iwak paus biru luwih banter saka swarane sepedha motor Harley Davidson. Malah luwih banter saka swarane konser rock sing banter dhewe.
Saktemene, sepira ta bantere swarane iwak paus biru iki?
Swara iwak mau yakuwi 188 desibel…! Angka iki padha karo kaping sayuta swarane mesin jet (kang nggayuh tingkat paling banter yakuwi 120 – 130 desibel). Perlu dielingi uga, tingkat bantere swara saya suwe saya tambah sacara logaritmis. Iki ateges saben munggah 10 desibel ana undhak – undhakan intensitas swara engga kaping 10. Lan iki mujudake salah sijine alas an tumrap kita kabeh amrih muji syukur yen iwak paus biru mai mung manggon ing njero segara.
Saupama wae dheweke urip ing dharatan, hmmm… kebrebek rek!
(d)***


Sumber : Narayana PANJEBAR SEMANGAT edisi 48, 30 November 2013

Minggu, 08 September 2013

first of all

selamat datang, sugeng rawuh, welcome, irrashaimase friend....!
ini blog buat belajar nulis - nulis, oia kenalan kanalan aku ana, suka naik motor, suka liat langit sore, pengen banget tiap hari bisa liat sunset di laut terdekat. walaupun suka naik motor, tapi kesempatan itu gak setiap saat bisa aku dapat, paling ku suka adalah naik motor sore atau pagi untuk mudik dari gunungpati ke Luwung my lovely home. silau - silau dikit si tapi super duper bahagia bisa lihat matahari yang masih malu - malu, cantik banget dia. proyek masa depan ada hiking ke dieng, semoga diantara peserta rempong ada yang apal jalurnya :D
maturnuwun for coming ^-^